01/09/23

Rikala Riyaya Syawal

 

RIKALA RIYAYA SYAWAL

Dening: Nimas Setyo Asih Mituhu

 


Naliko riyoyo bodo Syawal aku lan keluargaku sholat id neng masjid. Rampung shalat aku banjur silaturahmi utawa badan marang omahe tanga-tanggaku lan dulur-dulurku kabeh. Kang paling tak utamakke neng nggone simbahku, pakdhe-budheku, lan paklek-bulek ku. Naliko neng ndaleme simbah, aku ketemu karo dulur-dulurku, anak putune simbah. Suasanane dadi rame banget, mangan-mangan bareng sinambi cerita-cerita. Ana kang nyeritakne kahanan kampunge, ana kang nyritakne sekolahane, ana kang nyeritakne penggawehane, ana uga kang nyritakne hasil bumine. Regeng banget pokoke.

Atiku merasa seneng banget, bisa mlumpuk karo dulur-dulurku kabeh amarga ngene iki mung kedadean prasasat mung setahun pisan. Apa maneh karo dulur sing manggon ing papan kang adoh. Sing nambah marem maneh, rikala aku pamit bali, karo simbah aku disangoni. Putu-putu liyane uga disangoni. Mesti wae kabeh pada marem.  Sak durunge bali, ora lali aku nyuwun pandongane simbah muga-muga sekolahku lancar lan isa kasil anggonku nggayuh cita-citaku.

Bali saka daleme simbah, aku banjur nerusake laku, badan marang dulur-dulurku liyane. Sedina muput anggonku badan. Awakku krasa kesel banget, nanging ewa semono atiku tetep marem bisa sungkem marang para sedulurku kabeh.

Tibakake wong silaturahmi ku pancen isa nambah rezeki. Kajaba isa maem jajan mawarna-warna, aku uga oleh sangu. Bisa dicelengi lan kanggo tambah tuku jajan. Matur nueun simbah… Pakde-Bude, Paklik-Bulik, lan dulur-dulur sedaya…

“Godong klitik godong koro

Salah sitik nyuwun ngapuro”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...