11/09/23

Madrasahku Asri lan Tinata

 

MADRASAHKU ASRI LAN TINATA

Dening: Desi Putri Sulistiani

 

 


Jenengku Desi saka MTsN 4 Trenggalek kelas 8a

Madrasahku jembar platarane amba

Lingkungane katon asri, resik, lan tumata

Gedung lan pagere katon endah sinawang mata

Ing sadengah papan ana tanduran maneka warna

Tanduran kembang, woh-wohan, lan toga

Papan kanggo santai bocah-bocah uga ana

 

Anggone piket digilir saben dina

Kanggo reresik kelas lan latar jaba

Wayah piket jogan lan latare disapu rata

Bleduk-bleduk disulaki, meja lan kursi banjur ditata

Kembang-kembang disirami, tetanduran pada direksa

Ora lali keamanane madrasah tansah dijaga

 

Yen kepingin tuku panganan ing kantin madrasah uga sumadya

Panganane luwih sehat tinimbang panganan ing jaba

Regane murah, jinise warna-warna, rasane uga mirasa

Resike papan lan panganan ing kantin pancen tansah dijaga

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...