Tampilkan postingan dengan label tamansari. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label tamansari. Tampilkan semua postingan

24/10/23

Ayo Njaga Anugerahing Gusti Allah

 

AYO NJAGA ANUGERAHING GUSTI ALLAH

Dening: Rinta Emilianti

 

Minggu esuk iku aku sengaja tangi rada esuk amarga wis semayanan karo kanca-kancaku arep mlaku-mlaku. Sak dawane dalan aku nemoni akeh sampah kang kececer ana ing pinggiring dalan. Sampah-sampah iku morat-marit ora karu-karuan. Pranyata isih akeh warga masyarakat sing durung bisa nyukuri anugerahing Gusti Allah. Kabukti isih seneng buwang sampah ana sembarang panggonan. Sampah-sampah iku akhire nglumpuk lan nyumpeti buk-buk sahingga ngakibatake banyune amber ana dalan-dalan yen wayah udan. Durung maneh ambune kang ngidap-idapi. Kajaba iku sampah-sampah iku uga dadi sarang laler lan nyamuk kang bisa nyebarake penyakit. Apa maneh sak iki lagi musime penyakit Demam Berdarah (DB). Nanging ewa semana tetep isih akeh wae sing durung sadar bahayane buwang sampah sembarangan.

Sak jane wis ana upaya kanggo nyadarake warga masyarakat supaya ora buwang sampah sembarangan termasuk ana kali. Misale limang sasi kepungkur ana gerakan bersih kali sing dipandegani langsung karo Mas Ipin (kang rikala iku isih njabat dadi wakil bupati Trenggalek). Mas Ipin turun langsung, melu ngresiki kali ana seputaran desa Margomulyo. Sak jane karepe ki amung pengin nggunggah kesadarane warga masyarakat amrih ora seneng buwang sampah sembarangan termasuk ana kali, sebab ora bakal isa kaline resik yen warga masyarakate ora sadar.

Kali iku salah sijine anugerahing Gusti Allah kanggo manungsa. Manungsa amung dipasrahi njaga kelestariane karben penguripan ekosistem kali isa lestari. Kaline resik, banyune bening, iwake krasan lan isa berkembang biak, sarta lingkungane asri lan hawane seger dadekake krasan sapa wae sing liwat lan isa ngenggar-enggar sarira ana sak dawaning kali. Jajal sapa sing ora seneng yen weruh kahanan kaya mangkana iku?

Ayo para kanca, senajan ta awake dewe iki isih remaja, ayo melu-melu nglestarekake lingkungan alam iki. Sak ora-orane aja melu-melu buwang sampah sembarangan, apa maneh buwang sampah ana kali. Syukur-syukur yen gelem ngelingake wong kang isih seneng buwang sampah sembarangan. Alam iki titipane Gusti Allah. Mulo ayo padha dijaga ben alame ora murka. Bencana alam iku sak jane ora liya ya amarga ulahe manungsa dewe. Mulo ayo padha njaga lingkungane dewe-dewe.

 

Aku Pengin Berubah

 

AKU PENGIN BERUBAH

Dening: Yesi Rahma

 

17 tahun aku lan keluargaku urip bareng. Susah seneng tak lakoni bareng wong tuaku. Tingkah polah kenakalanku rikala isih cilik diadepi kanti sabar marang bapak lan ibuku. Kadang-kadang bapak lan ibuku bisa sampek uring-uringan amarga bingung ngrasakne polahku, sing dadekake omongane tangga teparo sing kadang ndak ngenakke ati.

Keluargaku pancen dudu kalebu keluarga berkecukupan, apa maneh sugih. Kadang-kadang kanggo nyukupi kebutuhan saben dina, karo bapakku direwangi kaya ora leren. Nanging alhamdulillah, amarga ikhtiar sing ora nate pedot lan amarga donga kang diijabahi dening Gusti Allah, sithik baka sithik kehidupan keluargaku isa berubah. Senadyan ora turah-turah, wis isa luwih sejahtera, cukup nggo nyukupi kebutuhan saben dinane, termasuk kebutuhan sekolahku. Iku kabeh ora lepas saka perjuangane bapak lan ibuku.

Mulane aku ya kudu mulai ngrubah sikap. Ora mung bisa nyrimpeti lakune bapak lan ibuku amarga kenakalanku. Aku kudu iso gawe bapak lan ibuku bahagia. Aku kudu sregep sinau. Aku kudu tenanan sekolah ben bapak lan ibuku bungah lan bangga duwe anak aku. Sing tansah tak arep-arep amung dedungo saka bapak lan ibuku, mugo-mugo iso kasembadan kang dadi gegayuhanku.

         

 

Amarga Kewaregen

 

AMARGA KEWAREGEN

Dening: Sabrina Sudiati

 

 Sore iku, aku lan kanca-kancaku ngabuburit ing pantai Prigi.  Ora lali nalika arep bali, aku  tuku takjil, yaiku martabak lan es campur. Regane yen mungguhku ya ora patio larang, padahal rasane ya uuuenak tenan. Tekan ngomah isih jam lima punjul sithik, berarti buka pasane isih kurang sak wetara wektu. Wektu nunggu kaya ngana iku tak rasakke kaya suwe banget. Apa maneh yen kelingan es campur sing nembe wae tak tuku. Mesthi suuuger... Bayangke segere es campur iku tenggorokanku dadi clegukan lan thuthukku ngemu idu.

Antara jam setengah nem, adzan magrib wis keprungu saka masjid. Ora sir nunggu luwih suwe maneh, aku age-age mlayu tumuju meja pawon. Meh wae lali ora maca donga buka pasa, nanging karo ibukku dielingke. Sak wuse donga, aku age-age nyruput es campur sing wis tak suntak ana gelas jembung. Pancen seger tenan, kaya ora-orao gelem leren, sampek wetengku krupyak-krupyuk kebak banyu. Wetengku krasa wareg banget.

Amarga wetengku isik krasa wareg, aku ora enggal maem. Mengko wae bubar shalat isak. Aku nuli siap-siap budal marang mesjid sing ora patio adoh karo omahku. Mlaku kalem-kalem, itung-itung karo nglonggarke wetengku sing panggah kemrucuk kebak banyu. Tibake kepinginan buka iku yen ora dikendalekake dadine ora becik. Shalat tarawihku wengi iku ora isa tenang amarga kewaregen. Untung ora sampek kemlekaren, dadi aku isih iso melu shalat tarawih.

Antara setengah jam, kari ngrampungke shalat witir sak rakaat maneh, dumadakan lampune pet, mati. Suasanane dadi rame. Bocah cilik-cilik pada bubar pating jlerit. Untunge lampune byar, murup maneh. Bubar wiridan sak cukupe, aku banjur bali. Lan alhamdulillah...wetengku wis ora kemrucuk maneh. Aku banjur menyat menyang pawon, nyiduk sego sithik banjur tak maem kalem-kalem karo mirengke lantunan ayat-ayat Al Qur’an saka spicker masjid cedak omahku. Nikmaattt... rasane.

 

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...