11/09/23

Ayo Jaga Anugerahing Gusti Allah

 

AYO NJAGA ANUGERAHING GUSTI ALLAH

Dening: Elda Dora Octavia

 


 Minggu esuk iku aku sengaja tangi rada esuk amarga wis semayan karo kanca-kancaku arep mlaku-mlaku. Sak dawane dalan aku nemoni akeh sampah maneka warna kang kececer ana ing pinggir dalan. Sampah-sampah iku morat-marit ora karuan. Pranyata isih akeh warga masyarakat kang durung bisa njaga kebersihan lan nyukuri anugerahing gusti Allah. Kabukti isih seneng buwang sampah ing sembarang panggonan. Sampah-sampah iku akhire nglumpuk lan nyumpeti selokan lan buk-buk sahingga ngakibatake banyune mampet lan amber ana dalan yen wayah udan. Durung maneh ambune kang ngidap-ngidapi, banger lan bacin. Kejaba iku, sampah-sampah iku uga bisa dadi sarang laler lan nyamuk kang bisa nyebarake penyakit.

Apa maneh saiki lagi musime penyakit Demam Berdarah (DB). Nanging ewa semana tetep isih akeh wae wong sing durung sadar bahayane buwang sampah sembarangan. Sakjane wis ana upaya kanggo nyadarake warga masyarakat supaya ora buwang sampah sembarangan termasuk ana kali. Misale seminggu sepisan diadakno gerakan bersih kali. Sakjane karepe ya mung pengen nggugah kesadarane warga masyarakat amrih ora seneng buwang sampah sembarangan termasuk ana kali. Sebab ora bakal isa kaline resik yen warga masyarakate ora sadar.

Kali iku salah sijine anugerahing gusti Allah kanggo manungsa. Manungsa amung dipasrahi njaga kelestariane kabeh panguripan ekosistem amrih isa lestari. Kaline resik, banyune bening, iwake krasan, lan isa berkembang biak tanpa ana pencemaran ing kali, sarta lingkungane asri lan hawane seger dadekake krasan sapa wae kang nyawang lan isa ngenggar-enggar sarira ana sak dawane kali. Jajal sapa sing ora seneng yen weruh kahanan kaya mengkana iku?

Ayo para kanca, senajan ta awake dewe iki isih remaja, ayo melu-melu ngelestarekake lingkungan alam iki. Sak ora-orane aja melu buwang sampah sembarangan, apa maneh buwang sampah ana kali. Syukur-syukur yen gelem ngelengake wong kang isih seneng buwang sampah sembarangan. Alam iki titipane gusti Allah. Mula ayo padha dijaga ben alame ora murka. Bencana alam iku sakjane ora liya yo amarga ulahe manungsa dewe. Mula ayo padha njaga lingkungane dewe-dewe.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...