01/09/23

Gunung Bromo

 

GUNUNG BROMO

Dening: Elda Dora Octavia

 


Gunung Bromo iku sawijine gunung kanthi sesawangan kang indah ing laladan Kabupaten Probolinggo. Ing kawasan sakiwa tengene gunung, beluk kabut kumebul sumundul ngawiyat. Manuk-manuk pating sumliwer ing kupenge gunung. Thethukulan kang sarwa ijo ngebeki sakambane pereng. Saka kadohan katon kali kang iline banter. Suarane banyu gumrojog. Saking bantere cumiprat nyempyok gegodhongan. Hawane adem. Wong-wong ing sakiwa tengene gunung padha iwut karo pakaryane dhewe-dhewe. Ana para tani sing nandur bangsane woh-wohan. Saperangan ana kang nandur janganan.

Wayah esuk ing kawasan Gunung Bromo indah banget. Ing sisih wetan katon semamburat Abang. Mbaka setitik srengenge mencorong padhang. Sadawane sesawangan Savana, suket ijo koyo dene gelaran. Embun-embun kang nelesi gegodhongan soyo suwe ilang nguwap amarga srengenge tansoyo panas. Wong wis miwiti pakaryane. Ono sing ngiderake jarane kanggo tetunggangan para wisatawan. Ono wong kang ngiderake panganan. Ono kang mider nunggang motor trail nguteri kawasan gunung.

Uga ana ondho tumuju pucuke gunung. Ing pucuke gunung ana beluk kumebul saka njerune gunung. Sapa dolan menyang Bromo, koyo aras-arasen ninggalke sesawangan kang nyata indah dinulu mata.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...