11/09/23

Ngati-Ati Migunaake HP

 

NGATI-ATI MIGUNAAKE HP

Dening: Atika Ayatin Nuzula

 


 

Kemajuan jaman wus ora bisa dibendung maneh. Iki sing diarani jaman globalisasi. Globalisasi iku yen diartekake nganggo basa jawa ngemu ateges tansaya sumpeg lan rupeke alam donya iki amerga saking majune teknologi. Ora kutha ora desa, wus kaya ora ana wates. Krasa cedak sanajan adoh. Kabeh mau amerga kemajuan teknologi mau.

Salah siji bukti nyatane, dek jaman biyen, rong puluh taun kepungkur, yen kepengin jagongan karo anake sing manggon ing Surabaya ngono wae ya kudu mara ing Surabaya, utawa suwalike anake sing kudu mulih ing desa. Mangkene iku wis mesthi butuh ragat nggo numpak bus lan liya-liyane. Nanging sak iki, cukup tuku paket data seket ewu, wus bisa jangongan sak kateke.

Aja maneh Surabaya, selagine kepengin ngobrol karo keluargane sing mapan ing luar negeri wae bisa jagongan sak wayah-wayah. Ora mung jagongan, nanging uga bisa nyawang sing diajak jagongan. Pranyoto teknologi iku menakne uripe manungsa. Barang sing jenenge Handphone prasasat wis udu barang langka maneh. Saben wong wis bisa migunaake hp. Aja maneh wong tuwa, bocah-bocah cilik wae wis ora asing karo sing jenenge hp.

Nanging sing kudu dimangerteni, sak liyane sisi positif sing nguntungake manungsa, hp uga nggawa dampak negatif. Yen awake dewe ora bisa milah lan milih informasi sing sesliweran ing media sosial (medsos) kaya WhatsApp, facebook, Instagram, lan liya-liyane, bisa-bisa awake dewe dadi korban hoax. Mangkane yen migunaake hp nggo ngakses internet ya kudu ati-ati tenan. Kudu bisa milah lan milih sumber informasi sing bisa dipercaya, amargo akeh banget sumber-sumber informasi lewat internet sing ora tanggung jawab lan digunaake kanggo nyebar hoax lan fitnah.

Kajaba saka iku, uga aja gampang-gampang nggawe postingan utawa kepancing nanggapi postingane wong liya. Akeh kasus wong kena masalah sampek teka urusan hukum lan mlebu kunjara gara-gara dianggep nglanggar undang-undang Informasi dan Transaksi Elektronik (ITE). Aja nganti kerana mung melu-melu utawa iseng nanggapi postingan, eh malah kesandung kasus hukum. Intine, ayo nggunaake hp nggo ngakses internet sing positif-positif wae, nggo nglancarake urusan lan nggo ngraketake tali silaturrahmi karo kanca lan dulur. Aja malah nggo nyebar fitnah lan provokasi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...