06/09/23

Menghargai Kanca

 

MENGHARGAI KANCA

Oleh: Fika Aulia Rahmadita

 


 

Wingi aku ulang tahun kang kaping 15. Ibukku karo bapakku duwe rencana ngrayakake ulang tahunku. Mesthi wae aku seneng banget. Ora nate ulang tahunku dirayakake.

Akhire dina sing tak tunggu-tunggu teka.

Ruang tamu omahku dirias karo plembungan lan kertas warna-warni. Katon apik lan semarak. Kejaba iku ibukku direwangi tanggaku masak-masak nggawe jajan kanggo ngrayakke ulang tahunku.

Aku ngundang kanca-kancaku sak kelas.

Limang menit, sepuluh menit, tak tunggu-tunggu kancaku durung ana sing teka ana omahku. Temtu wae aku khawatir. Aku isih sabar nunggu. Antarane limang menit maneh kancaku mulai ana sing teka. Ana Angger, Rama, Ilham, lan Anggis. Aku isih terus berharap kancaku liyane teka ben pesta ulang tahunku semarak. Nanging pranyata tak tunggu-tunggu sampek acara rampung, ya tetep kancaku papat iku sing teka neng omahku.

Tibake menghargai kanca iku ya kudu dibiasakne. Ketoke sepele nanging bisa gawe seneng utawa kuciwane wong liya.

“He kanca-kancaku ayo ta pada belajar menghargai kanca. Aja seneng nguciwakne kanca. Yen diundang ayo pada mara kejaba yen ana alangan sing ora bisa ditinggalna. Matur suwun ya Ma, Nggis, Ngger, Ham. Awakmu ki pancen kanca-kancaku sing ngerti arti persahabatan kok”.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...