24/10/23

Ayo Njaga Anugerahing Gusti Allah

 

AYO NJAGA ANUGERAHING GUSTI ALLAH

Dening: Rinta Emilianti

 

Minggu esuk iku aku sengaja tangi rada esuk amarga wis semayanan karo kanca-kancaku arep mlaku-mlaku. Sak dawane dalan aku nemoni akeh sampah kang kececer ana ing pinggiring dalan. Sampah-sampah iku morat-marit ora karu-karuan. Pranyata isih akeh warga masyarakat sing durung bisa nyukuri anugerahing Gusti Allah. Kabukti isih seneng buwang sampah ana sembarang panggonan. Sampah-sampah iku akhire nglumpuk lan nyumpeti buk-buk sahingga ngakibatake banyune amber ana dalan-dalan yen wayah udan. Durung maneh ambune kang ngidap-idapi. Kajaba iku sampah-sampah iku uga dadi sarang laler lan nyamuk kang bisa nyebarake penyakit. Apa maneh sak iki lagi musime penyakit Demam Berdarah (DB). Nanging ewa semana tetep isih akeh wae sing durung sadar bahayane buwang sampah sembarangan.

Sak jane wis ana upaya kanggo nyadarake warga masyarakat supaya ora buwang sampah sembarangan termasuk ana kali. Misale limang sasi kepungkur ana gerakan bersih kali sing dipandegani langsung karo Mas Ipin (kang rikala iku isih njabat dadi wakil bupati Trenggalek). Mas Ipin turun langsung, melu ngresiki kali ana seputaran desa Margomulyo. Sak jane karepe ki amung pengin nggunggah kesadarane warga masyarakat amrih ora seneng buwang sampah sembarangan termasuk ana kali, sebab ora bakal isa kaline resik yen warga masyarakate ora sadar.

Kali iku salah sijine anugerahing Gusti Allah kanggo manungsa. Manungsa amung dipasrahi njaga kelestariane karben penguripan ekosistem kali isa lestari. Kaline resik, banyune bening, iwake krasan lan isa berkembang biak, sarta lingkungane asri lan hawane seger dadekake krasan sapa wae sing liwat lan isa ngenggar-enggar sarira ana sak dawaning kali. Jajal sapa sing ora seneng yen weruh kahanan kaya mangkana iku?

Ayo para kanca, senajan ta awake dewe iki isih remaja, ayo melu-melu nglestarekake lingkungan alam iki. Sak ora-orane aja melu-melu buwang sampah sembarangan, apa maneh buwang sampah ana kali. Syukur-syukur yen gelem ngelingake wong kang isih seneng buwang sampah sembarangan. Alam iki titipane Gusti Allah. Mulo ayo padha dijaga ben alame ora murka. Bencana alam iku sak jane ora liya ya amarga ulahe manungsa dewe. Mulo ayo padha njaga lingkungane dewe-dewe.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...