24/10/23

Amarga Kewaregen

 

AMARGA KEWAREGEN

Dening: Sabrina Sudiati

 

 Sore iku, aku lan kanca-kancaku ngabuburit ing pantai Prigi.  Ora lali nalika arep bali, aku  tuku takjil, yaiku martabak lan es campur. Regane yen mungguhku ya ora patio larang, padahal rasane ya uuuenak tenan. Tekan ngomah isih jam lima punjul sithik, berarti buka pasane isih kurang sak wetara wektu. Wektu nunggu kaya ngana iku tak rasakke kaya suwe banget. Apa maneh yen kelingan es campur sing nembe wae tak tuku. Mesthi suuuger... Bayangke segere es campur iku tenggorokanku dadi clegukan lan thuthukku ngemu idu.

Antara jam setengah nem, adzan magrib wis keprungu saka masjid. Ora sir nunggu luwih suwe maneh, aku age-age mlayu tumuju meja pawon. Meh wae lali ora maca donga buka pasa, nanging karo ibukku dielingke. Sak wuse donga, aku age-age nyruput es campur sing wis tak suntak ana gelas jembung. Pancen seger tenan, kaya ora-orao gelem leren, sampek wetengku krupyak-krupyuk kebak banyu. Wetengku krasa wareg banget.

Amarga wetengku isik krasa wareg, aku ora enggal maem. Mengko wae bubar shalat isak. Aku nuli siap-siap budal marang mesjid sing ora patio adoh karo omahku. Mlaku kalem-kalem, itung-itung karo nglonggarke wetengku sing panggah kemrucuk kebak banyu. Tibake kepinginan buka iku yen ora dikendalekake dadine ora becik. Shalat tarawihku wengi iku ora isa tenang amarga kewaregen. Untung ora sampek kemlekaren, dadi aku isih iso melu shalat tarawih.

Antara setengah jam, kari ngrampungke shalat witir sak rakaat maneh, dumadakan lampune pet, mati. Suasanane dadi rame. Bocah cilik-cilik pada bubar pating jlerit. Untunge lampune byar, murup maneh. Bubar wiridan sak cukupe, aku banjur bali. Lan alhamdulillah...wetengku wis ora kemrucuk maneh. Aku banjur menyat menyang pawon, nyiduk sego sithik banjur tak maem kalem-kalem karo mirengke lantunan ayat-ayat Al Qur’an saka spicker masjid cedak omahku. Nikmaattt... rasane.

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Doa-Doa yang Utama Dibaca Sesudah Shalat

  DOA-DOA YANG UTAMA DIBACA SESUDAH SHALAT   الحَمْدُ لِلهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ   حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه...