DESAKU ADEM LAN AYEM
Dening: Nikmatul Husnan
Aku manggon ing salah sijine desa ing tlatah Kecamatan Watulimo. Desaku jenenge Desa Prigi, tepate ing Dusun Sumber sak cedake lereng gunung Gegertengu. Jarak saka desaku menyang kutha kecamatan 10 menit yen nganggo sepeda motor. Lan butuh wektu sekitar 30 menit kanggo tekan kutha kabupaten. Ing wayah esuk, sore, lan bengi hawa ing kampungku pancen adem. Nanging yen wayah awan, hawane lumayan panas. Ing sisih lor saka ndesaku, area alas kanti tanduran maneka warna. Ing sisih kidul, katon sawah kanti warna kuning rikalane pari-pari siap dipanen. Ing kampungku uga isih akeh sumberan banyu sahingga penduduk kampung ora nate kekurangan banyu.
Kajaba iku, urip ing desa nduweni rasa paseduluran kang dhuwur. Adat kebiasane masyarakat kang grapyak, kebak paseduluran rikala nampa tamu isih kenthel banget ana desaku. Tamu minangka wong sing paling istimewa. Ing budaya kita, tamu dianggep minangka wong sing paling dihormati. Rasa tulung-tinulung uga isih kenthel. Yen ana tangga repot, liyane banjur pada ngrewangi. Yen ana tangga nandang lara, uga pada ngendangi. Ora mbedak-mbeddakake antarane siji lan sijine.
Urip ana desa pancen ayem lan tentrem. Suasana alam kang asri lan budaya guyub rukun kang tansah diuri-uri uga nambahi krasan. Pemandangan alam kang endah disawang mripat, sawah-sawah kang kebak pari katon kaya hamparan emas kemrenyap saka kadohan, alas-alas katon ijo royo-royo ngaawe ati tansah pinatri.
Para warga mergawe sesuai profesine dewe-dewe. Ana kang dadi guru lan pegawai kantoran. Ana kang budal ing alas nandur lan unduh maneka warna asil tanduran. Uga ana kang dadi nelayan nggolek iwak ana segara kang ora tahu kesatan. Lan sak pinunggalane. Kabeh iku kanggo ngudi rezeki saka Gusti Allah.
Ya mangkene iki crita ngengingi desaku. Matur nuwun wis maca critaku iki. Kapan-kapan tak sambung maneh ing crita liyane…